Astaghfirullah Rabbal Baroyah Astaghfirullah minal khothoyah
Robby Zidni i'lman nafi'an Wawafiqli amalan sholiha.
Ya Rasulullah salam mun alaik Ya Rofi 'asa niwaddaroji
Athfatay yajirro rotal 'Alami Ya uhaila juu diwalkaromi.
1.Ngawiti insun nglaras syiiran kalawan muji maring pangeran
Kang parin rohmat lan kanimatan Rino wengine tanpo petungan
2.Duh bolo Konco prio wanito ojo mung ngaji syareat bloko
gur pinter dongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro
3. Akeh kang apal qur'an haditse seneng ngafirke marang liyane
kafire Dewe gak digatekke Yen isi kotor ati akale
4.Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepahese gebyare Donyo
iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nito
mohon diterjemahkan, bahasane ora ngerti...
BalasHapusby ade - lmpung.